Pasar Krempyeng Kliwonan Padusunan Krajan

kimpena.kanpacitan.id-Pasar krempyeng kliwonan yoiku pasar tradisional utowo kang luwih dikenal masyarakat sawijine pasar cilik nok kampung utowo dusun sing buka mung wektu isuk pasaran kliwon sak durunge subuh lan bar-baran sekitar jam songo isuk. Pasar Krempyeng kliwonan iki salah sijine jatung perekonomian padusunan ing tlatah krajan deso Ngumbul. Onone pasar krempyeng iki migunani banget kanggo mbiantu masyarakat, amargo ora kudu adoh-adoh menyang pasar induk kecamatan kanggo golek kebutuhan saben dinone.
Biasane, wargo masyarakat manfaatke pasar krempyeng iku kanggo ngedol hasil pertanian. Koyoto Sayur Mayur, buah-buahan, kapulogo, lan liyo-liyane. Ono pasar krempyeng iku ugo ono jajanan khas padusunan sing angel digoleki ono pasar induk kecamatan. Jajanan pasar iku arupo pecel, gorengan, cenil lan liyo-liyane.
Mungkin ae, menowo ono kuto pasar krempyeng iki malah ngganggu tata kota lan ketertipan, sahinggo nuli ono penertiban pasar krempyeng kang buntute kekisruhan utowo pindah nggon. Padahal mungkin pikirane iwong kuto karo wong deso iku ora adoh bedo, yoiku golek sumber kang cedak kanggo nggoleki kebutuhan saben dinone. Sak liyane efisien tenogo ugo biaya.
Saiki Pasar krempyeng mulai jarang ono deso. Kemungkinan amargo akeh wong dodolan muter kang nyediane kebutuhan dapur nganggo gerobak. Utowo kang luwih cepet ngganggo praoto. Sahinggo akeh uwong kang males menyang pasar krempyeng. Kari nunggu nok ngarep umah wektu jam-jam kang wis tinemtu, kebutuhan dapur wis cumawis lengkap.
Ananging sak benere Pasar Krempyeng iso didadekno tolak ukur soko molete perekonomian padusunan utowo deso. Tingkat kesejahteraan masyarakat ono daerah iso didelok soko molete perekonomian ing pasar krempyeng.
Iku sekilas ngenani Pasar Krempyeng, pasar kang alon-alon ,u;ai ditinggalke. Pasar jang alon-alon sepi nyeyet lan mungkin bakalan mati. Pasar Krempyeng kang mengkone mung bakal dadi cerito nggo anak putune awake dewe. (admin)
wah unik ya pasar nya tapi sayang saya tak begitu mengerti akan isi artikelnya hehe karna pakai bahasa jawa ya?
Krempyeng berarti ramai sesaat, hanya sebentar, pasar yang digelar hanya beberapa jam saja dan hal itu masih banyak kita jumpai di pelosok-pelosok pedesaan.