Budidaya Sayuran Nganggo Coro Hidroponik

Tanduran Hidroponik ngganggo panggonan paralon.

kimpena.kabpacitan.id- Among Tani, Istilah hidroponik asal muasale soko istilah Yunani yoiku hidro kang aran banyu lan Ponos kang artine kerjo. Hidroponik yoiku sebutan kang dikanggokne kanggo njelasne coro nenandur tanaman tanpo nganggo lemah, ananging nganggokne banyu utowo bahan Porous liane yaiku dikei unsur hara terkendali kang isine unsur-unsur penting kang dibutuhne taneman.
Dicoba sepisanan dening W.A. Setchell soko University of California, hubungan karo keberhasilan W.F. Gericke soko university kang podho, anggone ngembangke coro nenandur nganggago banyu nggo mediane nenandur.
Adedasar media nenandur kang digunakne, hidroponik iso dibagi dadi telu macam, yoiku :
Kultur Air
Coro iki wis suwe dikenal, yoiku sejak pertengan abad 15 dening bangso Aztec. Ono metode iki tanduran dituwuhne ana media liyone kang ono bagian ngisore dikei larutan kang ngandung hara makro lan mikro, sahinggo pucuke akar taneman bakal nyenggol larutan kang ngandung nutrisi kasebut.
Kultur Agregat
Media nggo nandur arupo krikil, pasir, areng sekam pari , lan liyo liyane kang kudu resik luwih disik sak durunge dikanggokne. Ale ngekei hara nganggo coro mediane nenandur utowo nganggo coro nyiapne larutan hara soko tangki utowo drum, kang dialirne menyang tanduran lewat slang plastik.
Nutrient Film Technique
Soko coro iki tanduran dirumat ono kalenan kang sempit, digawe soko lempengan logam tipis tahan karat. Ono sak njerone kalenan iku dialiri banyu kang ngandung larutan hara (rabuk). Mangkane ono sekitarane akar bakal kebentuk film (utowo lapisan tipis) kanggo mangane tanduran iku.

Faktor-faktor Penting ono Budidaya Hidroponik
Unsur Hara
Ngekei larutan hara (rabuk) kang teratur migunani banget kanggo hidroponik. Amargo media mung difungsekne kango nopang tanduran lan sarono nerusne larutan utowo banyu kang kaluwihan.
Rabuk (hara) disiapne kanggo tanduran sing pHne 5.5-7.5 ananging kang apik yoiku pHne 6,5, amargo onono kahanan iki unsur hara nyukupi kanggo tanduran. Unsur hara (rabuk) makro dibutuhne jumlah gedhe lan konsentrasine soko larutan relatif duwur. Termasuk unsur hara makro yoiku N, P, K, Ca, Mg, dan S. Unsur hara mikro mung diperlokne kanggo kongsentrasi kang endek , kang nduweni unsur Fe, Mn, Zn, Cu, B, Mo, lan Cl. Kebutuhan tanduran soko unsur hara bedo-bedo menurut tingkat uripe lan jenis tandurane (Jones, 1991).
Larutan hara digawe nganggo coro nglunturne garam-garam rabuk ono sak njerone banyu. Macem-macem garam jenis rabuk iso digunakne kanggo nglunturne hara, pemilihane biasne soko rego lan lunturane garam rabuk iku.

Panggonan Nandur Hidroponik
Jenis nggon nenandur kang dikanggokne migunani tumrap tuwuh lan perkembangane tanduran. Panggonan kang apik nggawe unsur hara tetep ono, kelembaban kejamin lan ilenane banyu apik. Panggonan kang digunakne kudu iso nyiapne banyu, zat hara lan oksigen ugo ora ngandung zat kang iso ngracuni tanduran.
Bahan-bahan kang digunakne kanggo panggonan nenandur ono hidroponik yoiku pasir, kerikil, pecahan boto, areng sekam, spons, lan liyo-liyane. Bahan kang dikanggokne nggo panggonan nenandur bakal mempengaruhi sifat lingkungan panggonane.
Tingkat suhu, aerasi lan kelembaban panggonan bakal bedo-bedo, antarane panggonan kang siji lan sijine, sesui karo bahan kang digunakne nggo nenandur.
Areng kapak pari yoiku kapak pari bakar kang warno ireng sing dihasilne soko bong-bongan kang apik lan akeh digunakne kanggo panggonan nenandur sistem hidroponik.
Komposisi areng kapak pari akeh ngandung SiO2 yoiku 52% lan C akehe 31%. Komponen liane yoiku Fe2O3, K2O, MgO, CaO, MnO, Lan Cu kang jumlahe relatif sitik lan bahan bahan organik. Karakteristik liane yoiku enteng , kasar gawe sirkulasi udarane duwur amargo akeh lubang-lubange, sanggup nahan air kang akeh, wernane kang ireng iso nyerep sorot srengenge kanti apik, PH ne duwur (8,5-9,0), ugo iso ngilangne pengaruh penyakit utamane bakteri lan gulma.

Oksigen
Oksigen duwe peran penting ono sistem hidroponik. Kurange oksigen nyebabne permeabilitas membran sel mudun, sahinggo tembok sel soyo angel ale nembus, akibate tanduran bakal kekurangan banyu.
Perkoro iki iso njelasne jluntrungane nyangopo tanduran bakal lemes menowo kakum banyu. Tingkat oksigen ono sak njerone lubang-lubang panggonan nandur duwe pengaruh tuwuhe oyot rambut. Ngekeki oksigen iki iso dilakoni nganggo cara, koyoto: ngekei gelembung -gelembung udara ono larutan (kultur air), ngganteni larutan hara kang bolak-balikm ngumbah akar kang ono sak njerone larutan hara lan nyediani lubang ventilasi ono panggonan tanduran kanggo kultur agregat.

Banyu
Kualitas banyu kang sak mestine kanggo tuwuhing tanduran coro hidroponik nduweni tingkat salinitas kang ora oleh ngluwihi 2500 ppm, utowo nduweni nilai EC ora luwih soko 6,0 mmhos/cm ugo ora ngandung logam-logam abot jumlah gede amargo bakal ngracuni tanduran.

Keuntungan lan Kendala Hidroponik
Keluwihan coro nenandur hidroponik yoiku produksi tanduran persatuan luas luwih akeh, tanduran tuwuh luwih cepet, nganggokne pupuk luwih hemat, nganggokne banyu luwih sitik, tenaga kerja kang diperlokne luwih sitik, lingkungan kerja luwih resik, kontrol banyu, hara dan pH luwih teliti, masalah hama lan penyakit iso dikurangi ugo iso nenandur tanduran ono lokasi kang ora mungkin / angel ditanduri, koyoto ono lingkungan lemah kang kurang hara lan akeh watune utowo ono garasi (sak njerone ruangan liyane) nganggo tambahan lampu. Sak wetoro kelemahane yoiku ketersediaan dan pemeliharaan perangkat hidroponik rodok angel, merlokne keterampilan khusus kanggo nimbang lan ngracik bahan kimia ugo investasi awal kang larang. (Nyambung maneh)

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *